Yang kepengen bisa jadi MC di nikahan adat jawa


arjuna

Dalam adat jawa biasanya acara nikahan atau “mantenan” dibawakan dalam bahasa jawa pewayangan. Bahasa yang digunakan ga lazim seperti bahasa-bahasa jawa halus. Bahasa ini lebih sulit dan susah dimengerti, Bahasa pewayangan ini biasanya dipake oleh orang jawa jaman doeloe. Apalagi klu ada konser wayang yang dalangnya Ki mantous atau ki Anom Suroto…pasti ada bahasa tu…

Bagi pembaca yang pengen bisa bawain bahasa ini di acara nikahan…mungkin bisa sebagai reverensi..

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinu darsono ing budi

Wis cedak titi wanci wahyaning mongso kolo sri atmojo temanten kekalih sampun prapten pangur anjawi arso manjing wonten ing madyaning sasono wiwoho pramilo kagen asung pakurmatan rawuhing pinanganten sarimbit soho poro penderekipun kawulo suwun cinandiko sami mugi kersoho jumeneng sawatawis…sumonggo nuwun…………..

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Sugeng poro sepuh-sesepuh pepunden ingkang dahat kawulo hormati……

Kadang besan miwah sahyaning poro penderek pinaganten kakung sarimbit ingkang saking tlatah………………………..ingkang dahat kinumartan. Soho poro pangembat panggebating projo setianing negari ingkang minongko dados panggayoming poro kawulo dasih ingkang satuhu mahambek berbudi darmo.

Poro rawuh kakung suwowono putrid ingkang dahat sinudarsono ing budi

Sumrambahipun dumateng poro sanak kadang pitepangan ingkang hanampi pakurmatan, miwah sahyo poro kadang werdo murdo tumaruno ingkang satuhu pantes sinudarsono. Soho poro konco leladi pramusaji ingkang sampun piniji ing gati.

Nuwun poro lenggah keparengno langkung rumiyin sumonggo kawulo nderek aken hangunjuk aken pujo puji puji astuti puji syukur sumonggo sesarengan kito haturaken dhumateng ngarsanipun gusti ingkang moho agung ALLOH SWT, bilih wonten ing ri kalenggahan sonten/dalu kulo dalah paduko sami saget nderek mangayu bagyo dinten wikraman agung pangunduhipun putro temanten kekalih kanthi kawontenan wilujeng boten kepanggih alangan satunggal punopo kalis nir ing sambi kolo.

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinudarsono ing budi

Sak derengipun kaparengno langkung rumiyen kulo hangaturaken tebah siti sekul panuturing kelopo opo rantu bilih wonten lepat kawulo dene dereng sawatawis dangu rawuh paduko sami minunggar kadang besan dalah penderek pinanganten kakung/sarimbit ingkang saking tlatah…………….. proro dene ing mriki kawulo kuwo wantuncumantoko hanggampil kamardikan soho matur ing ngarso paduko sami, istining gati boten jalaran kawulo kalak duking sugi siti mawah toto krami hananging yo awit saking awrat-awratipun nyundi dawuh panjenenganipun bapak…………………..sarimbit garwo. Bilih ing ri kalenggahan sonten/dalu puniko kulo piñata minongko pranoto adi coro wonten ing acoro pahargyan wikraman agung wonten ing ri kalenggahan………………….

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinudarsono ing budi

Sak derengipun hadi coro pahargyan wikraman agung wonten ing r kalenggahan …………………….. kapurwakan keparengno kulo hangaturakan minggah reruncening hadi coro ingkang sampun nirantan-nirumpoko.

Tumapak hadi coro ingkang ongko sepisan

1. Waosan sab’do gusti ingkang sampun sinerat wonten ing madyang wahyu tumelan hinggih kitab suci Al-Qur’an

2. Purwoko

3. Do’a

4. Catur adi coro gatining wigati wiwahan lung tinampen penganten pamedar sabdo saking kadang besan soho hamnyeyuliti pangrebeb pinanganten kakung/sarimbit ingkang saking tlatah………………..

5. Atur pagayu agyo saking ingkang hanengku karso ingkang mangke bade ka aturaken dening penjenenganipun bapak……………..

6. Pelereman

7. Penutup

semoga bermanfaat……suwun

36 Komentar »

  1. aan Said:

    klo untuk acara2 biasa gt ada g bro?

  2. cokroaminoto Said:

    Atur kasugengan mas. Nderek bingah, menggah situs web kagunganipun sae sanget.

    • indra27 Said:

      inggih matur sanget nuwun..sakpuniko nggih nembe sinau..taksih dereng pinter..
      kagungan griyo taksih semrawut, amargi sibuk nyambut damel dados radi jarang update ^^

  3. Maryoko, S.Pd Said:

    mohon dgn sanget menawi kagungan panyondro panggihing pangantin adat solo berkenan dikirim ke email kula.nwn.matur nuwun

  4. KASIYONO,SH Said:

    Nuwun Sewu Romo mbok bilih Romo Kersoo paring pitedah ingkap jangkep wonten babakan / panyondro :
    1. Panyondro Pasang Bleketepe sak ubo rampenipun.
    2. Panyondro wonten ing upocoro Siraman Calon Pinanganten Putri ugi calon pinanganten kakung ( Pecah kendi, Potong rekmo, Dulang Pungkasan, Tanem rekmo )
    3. Panyondro wonten ing upocoro adat panggih antawisipun :
    – Pinanganten Putri kalenggahaken wonten ing Sasono rinenggo
    – Upocoro Panggih ( Balangan gantal, tidak tigan, wijikan, gendong sindur )
    – Dahar Walimah
    – Kacar kucur
    – Bopongan
    – Sungkeman
    Wonten ing nginggil kados pundhi werdiniupun,

  5. Diajeng Said:

    lek wong wadon pantes po ra yo dadi MC ning mantenan????

    • indra27 Said:

      walah kayakya jarang yang ada..tapi klu sekedar belajar it’s ok..toh itu juga budaya yang perlu dilestarikan juga kan..

    • MAS WAHYU Said:

      BANYAK JENG APALAGI YANG SUARANYA EMPUK , LHA WONG DHALANG WEDOK YO AKEH KOK JENG , TINGGAL ANA SING NANGAP APA TIDAK YA DIMULAI DARI KELUARGA, KALAU JAWA BARAT BANYAK IBU PAES SEKALIGUS MC MANTENAN

      • indra27 Said:

        wah..matur sembah nuwun pawartose mas..

  6. dimas minto Said:

    kulo kepengen belajr dados mc teng mantenan,niku sekolahe teng pundi??

    • indra27 Said:

      Di sastra jawa bisa..tapi biasanya yang kayak gini turun temurun dari keluarga..

  7. mas ayub Said:

    sae sanget mas, menawi wonten terjemahan nyondro nganten ing boso jowo ngoko

  8. kulo kepingin dados mc ingkang sae

  9. Jona effort Said:

    mungkin bisa di beri contoh untuk yang bahasanya tdk terlalu tinggi bossssss

    • indra27 Said:

      bahasa untuk panyondro memang seperti itu..bahasanya tinggi dan agak sulit di mengerti sebagian besar orang yang mendengarnya..kalu dibilang itu juga bukan bahasa “kromo inggil” tapi lebih ke bahasa pewayangan

  10. yanto ireng Said:

    bnyk orang tahu di bidang pranoto coro.dr pengalaman,dr sekolah,dr turunan.tapi jarang orang tau uborampe sesaji temanten,etung dino panggon kolo,tali wangke sakjrone wuku,amit sewu kdng sakniki katah seng di gebyah uyah.kulo kadang geh mranoto coro nek payu…ha…ha….ha.yng jls sy minta para seniman marilah kita bljr bersama bertukar pengalaman dan di trima masarakat sangat bagus pranoto coro itu nyambi nglawak ning…… ojo kebablasan ingat ke pakem. memang kita harus bersatu tuk jadi pagar bangsa atas pengaruh nya budaya barat……..kesel aku ndongeng ngopi sek mas…? aduuuh ra nduwe rokok…..golek utangan aaah..

  11. kiki Said:

    nuwun sewu mnawi kepareng mbok saget dipun serat alamatipun

    • indra27 Said:

      monggo dipun tingali wonten ing tulisan kulo ingkang judul “geliat kerajinan reog ponorogo” sekalian mbok menawi kerso jajanan utawi oleh2 khas ponorogo

  12. pangapunten, numpang tanya
    saya ingin tahu arti panyondro itu apa ya?, fungsi dari segi bahasa dipakai untuk apa, karena saya sering dengar panyondro di acara pernikahan adat jawa, tapi maknanya tidak begitu mengerti. mohon saya diberi wawasan tentang hal tersebut.
    matursuwun

  13. satya Said:

    nderek mangayubagyo…

  14. noto jati Said:

    tolong bagi siapa saja yg tahu buku pedoman pranotocoro lan pamedhar sabdo yg ada CD nya untuk belajar tolong sms saya ke 081228011040 terima kasih,,

    • indra27 Said:

      monggo di pun semak wonten ing blog puniko
      http://sukolaras.wordpress.com

      • Anik Said:

        ada buku tentang pranatacara judulnya: Mutiara wicara Jawa karya Suwardi Endraswara dan Gita wicara Jawi karya Suwarna Pringgawidagda, tapi tidak ada cd-nya

  15. windira Said:

    iki bahasa opo tho yo.. gak ngerti blas aku…

  16. namin Said:

    panjenengan ngada suara asli enggkang diiringi genging e ta mas kulo butu kadose wonten acara pean kirim wonten http://www.naminsucces@yahoo.com

  17. must no Said:

    matur nuwun ingkang tanpo pepindhan dhumatg panjenengan ingkang sampun kerso share kawruh ing mriki

    • indra27 Said:

      inggih kang sami2..mbok bilih tulisan puniko saget bermanfaat dumateng panjenengan

  18. Amat Muchlas Said:

    we apik ki dadi panutan ku mlaku ngunggahi lelakon dadi pranoto coro, nadyan ora apik mungguhku ananging kerep dienggo lan anggepe apik ing mongko isih ra karuan karuan ukorone,

  19. fitridwi Said:

    mator suwon boz, sesampune mios ati trenyuh sanget, amargi wonten ing dalem kawulo bebasan pawayangan meniko takseh dipun damel, jalaran sampun 7th kulo mboten nate mireng mc temanten kang ndamel boso pawayangan, pramilo mator suwon sanget

  20. adi.s Said:

    maturnuwun smpun paring wuruk toto caranipun dados pranotocoro pawiwahan, kanthi boso ingkang cetho terwelo, ugi tatas lan titis..nuwun.!

  21. kang mas,,, mboten wonten sing lebih simple male …. kok abot tenan mas bahasanipun,,,


{ RSS feed for comments on this post} · { TrackBack URI }

Tinggalkan Balasan ke Jona effort Batalkan balasan